Assalamualaikum.wr.wb
Kepareng
dhumateng Bapak Kepala SMA N 1 Sewon ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru,
karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula
tresnani.
Sumangga
ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji
syukur dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng
kula lan panjenengan sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan
menika.
Assalamualaikum.wr.wb
Kepareng
dhumateng Bapak Kepala SMA N 1 Sewon ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru,
karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula
tresnani.
Sumangga
ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji
syukur dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng
kula lan panjenengan sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan
menika.
Salajengipun
kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang sampun rinonce :
1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharja
3. Atur Pangandikan saking Ketua
Osis
4. Atur Pangandikan saking Kepala
Sekolah
5. Dhahar sesarengan
6. Ndonga sesarengan
7. Wasana
Mekaten
menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun
kesekecakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara.
Ingkang
kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan
basmalah. Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi
sampin kersa purwakani adicara menika dening waosan basmalah.
Salajengipun
atur pambagyaharja saking Kasiswaan Bapak Bambang Utoro. Bapak Bambang Utoro
kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Bmbang Utoro ingkang sampun
kersa atur pambagyaharja.
Salajengipun,
atur pangandikan saking Kang Mas Muhammad Aly Said minangka Ketua Osis. Kang
Mas Said kula sumanggakaken. Matur nuwun dening Kang Mas Said ingkang sampun
kersa paring atur pangandikan.
Salajengipun,
atur pangandikan saking Bapak Joko minangka Kepala Sekolah. Bapak Joko kula
sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Joko ingkang sampun kersa paring
atur pangandikan.
Salajengipun,
mangga panjenengan sedaya dhahar wonten Aula SMA N 1 Sewon.
Salajengipun,
mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe
dipundhereaken dening Bapak Sumarsono. Bapak Sumarsono, kula sumanggakaken.
Matur nuwun dhumateng Bapak Sumarsono, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan
menika.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun
agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.
Sumangga
kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur
nuwun.
Wassalamualaikum.wr.wb













14 komentar:
Gini juga bisa: Gini juga bisa: mekaten pidhato ingkang kula aturaken. Mugi-mugi kula lan panjenengan saged dados generasi sekolah ingkang banggaaken. Kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
thx
ijin copy buat tugas sekolah ya
Makasih ya
membantu sekali cuyy...
😀😀😀😀
Mbois
Panjamg bangget( makasih buat aq conto)
NOOB
GAUSAH BUAT LU CUMAN NOOB
Maturnuwun
https://www.slideshare.net/mobile/rizalfuadi/iqra-5
Masukan saja kalau buat itu jangan diulang2 katanya
Posting Komentar